Sawijining dina Kancil
mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun
duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo katon seger, Kancil dadi
luwe. Sabanjure Kancil lingak-linguk goleki sing duwe kebon timun.
Amarga ora ana Kancil banjur mangan timun siji mbaka siji sampe wetenge
wareg.
Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Kancil dadi tuman mara menyang kebon timune Pak... Tani kuwi mau. Saben dina Kancil nyolong timune Pak Tani. Suwene suwe Pak Tani krasa menawa timune saya kelong mbaka sithik.
Pak Tani banjur ngindhik sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis
diindhik lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe
jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut
nangka lan di pasang ana ing kebon timun.
Esuke Kancil mara
maneh ana kebon timun, dumadakan kaget ana wong ing tengah kebon timun.
Kancil banjur mlayu sipat kuping, tapi bareng krasa ora dioyak kancil
mandeg. Kancil mara maneh alon-alon karo ngawasake wong kuwi mau.
Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe, “o…alah…jebul mung wong-wongan to ?”
Kancil sing rumangsa kapusan terus ngantemake tangan tengene ing
wong-wongan kuwi mau, tangan tengene dadi tumemplek kelet ora bisa
diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing
wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu tumemplek kelet ana ing
wong-wongan. Kancil sangsaya nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan,
banjur nendhangake sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong-wongan.
Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek
raket ana ing wong-wongane Pak Tani.Kancil mung bisa ketap-ketip
ngenteni nasib karo mbrebes mili.
Pak Tani wayah sore mara ing
kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane banjur
nyedhak.”Kecekel rak kowe cil…mula aja sok seneng nyolong timun ing
kene….tak gawa mulih terus tak masak gule kowe mengko.” Ngono kandhane
Pak Tani sinambi nguculi Kancil saka wong-wongan lan nggawa mulih
kancil.
Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani. Ing jero
kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani.
“Cil….ngapa kowe neng kene?” mengkono pitakone kirik kuwi mau. Kancil
banjur cerita manawa deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane
saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei. “La…kok enak kowe
cil,…kudune aku sing didaupake karo anake Pak Tani ora kowe amarga aku
wis melu neng kene suwe”. Kirik rada nesu.
Ing jero ati Kancil
ngguyu banjur nerusake pokale, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni
ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng
banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi
mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banju nguculi Kancil saka
jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.
Kancil banjur mlayu sipat kuping, ing jero ati bungah banget bisa ucul
saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya. Bejoku ana kirik
sing bodho gampang diapusi mangkono bathine Kancil. Ing kandhang Kirik
ngenteni karo ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo
anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget baget
ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur
gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau. Amarga bodho gampang
diapusi Kirik dadi tatu kabeh awake.