19.4.11

SERAT JOKO LODANG

RONGeh jleg tumiBA
GAgaran santoSA
WARtane meh teKA
SIkara karoDA
TAtage tan kaTON
BArang barang ngeRONG
SAguh tanpa raGA
KAtali kawaWAR
DAdal amekaSI
TONda murang taTA

Jaka Lodang gumandhul
Praptaningpang ngethengkrang sru wuwus
Eling eling pasthi karsaning Hyang Widhi
Gunung mendhak jurang mbrenjul
Ingusir praja prang kasor

Nanging awya kaliru
Sumurupa kanda kang tinamtu
Nadyan mendak mendaking gunung wus pasti
Maksih katon tabetipun
Beda lawan jurang gesong

Nadyan bisa mbarenjul
Tanpa tawing enggal jugrugipun
Kalakone karsaning Hyang wus pinasti
Yen ngidak sangkalanipun
Sirna tata estining wong

Sasedyane tanpa dadya
Sacipta cipta tan polih
Kang reraton raton rantas
Mrih luhur asor pinanggih
Bebenduh gung nekani
Kongas ing kanistanipun
Wong agung nis gungira
Sudireng wirang jrih lalis
Iangkang cilik tan tolih ring cilikira

Wong alim alim pulasan
Njaba putih njero kuning
Ngulama mangsah maksiat
Madat madon minum main
Kaji kaji ambanting
Dulban kethu putih mamprung
Wadon nir wadonira
Prabaweng salaka rukmi
Kabeh kabeh mung marono tingalira

Para sudagar ingargya
Jroning jaman keneng sarik
Marmane saisiningrat
Sangsarane saya mencit
Nir sad estining urip
Iku ta sengkalanipun
Pantoging nandang sudra
Yen wus tobat tanpa mosik
Sru nalangsa narima ngandel ing sukma

Mbok Parawan sangga wang duhkiteng kalbu
Jaka Lodang nabda malib
Nanging ana marmanipun
Ing weca kang wus pinesthi
Estinen murih kelakon

Sangkalane maksih nunggal jamanipun
Neng sajroning madya akir
Wiku Sapta ngesthi Ratu
Adil parimarmeng dasih
Ing kono kersaning Manon

Tinemune wong ngantuk anemu kethuk
Malenuk samargi margi
Marmane bungah kang nemu
Marga jroning kethuk isi
Kencana sesotya abyor

SERAT SABDA JATI
Hawya pegat ngudiya RONGing budyayu
MarGAne suka basuki
Dimen luWAR kang kinayun
Kalising panggawe SIsip
Ingkang TAberi prihatos

Ulatna kang nganti bisane kepangguh
Galedahen kang sayekti
Talitinem awya kleru
Larasen sajroning ati
Tumanggap dimen tumanggon

Pamanggone aneng pangesthi rahayu
Angayomi ing tyas wening
Enining ati kang suwung
Nanging sejatining isi
Isine cipta sayektos

Lakonana klawan sabaraning kalbu
Lamun obah niniwasi
Kasusupan setan gundhul
Ambebidung nggawa kendhi
Isine rupiah kethon

Lamun nganti korup mring panggawe
Dadi panggonanning iblis
Mlebu mring alam pakewuh
Ewuh mring panananing ati
Temah wuru kabesturon

Nora kengguh mring pamardi reh budyayu
Hayuning tyas sipat kuping
Kinepung panggawe rusuh
Lali pasihaning Gusti
Ginuntingan kaya mrenos

Parandene kabeh kang samya andulu
Ulap kalilipen wedhi
Akeh ingkang padha sujut
Kinira yen Jabarail
Kautus dening Hyang Manon

Yen kang uning marang sejatining dawuh
Kewuhan sajroning ati
Yen tiniru ora urus
Uripe kaesi esi
Yen niruwa dadi asor

Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung
Anggelar sakalir kalir
Kalamun temen tinemu
Kabegjane anekani
Kamurahane Hyang Manon

Hanuhoni kabeh kang duwe panuwun
Yen temen temen sayekti
Dewa aparing pitulung
Nora kurang sandhang bukti
Saciptaning kelakon

Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur
Saka pengunahing Widi
Ambuka warananipun
Aling aling kang ngalingi
Angilang satemah katon

Para jalma sajroning jaman Pakewuh
Sudranira andadi
Rahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasekten wus nora katon

Katuwane winawas dahat matrenyuh
Kenyaming sasmita yekti
Sanityasa tyas malatkung
Kongas welase kepati
Sulaking jaman prihatos

Waluyane benjang lamun ana wiku
Memuji ngesthi sawiji
Sabuk tebu lir majenun
Galibedan tudang tuding
Anacahken sakehing wong

Iku lagi sirep jaman Kala Bendu
Kala Suba kang gumanti
Wong cilik bisa gumuyu
Nora kurang sandhang bukti
Sedyane kabeh kelakon

Pandulune Ki Pujangga durung kemput
Mulur lir benang tinarik
Nanging kaseranging ngumur
Andungkap kasidan jati
Mulih mring jatining enggon

Amung kurang wolung ari kang kadulu
Tamating pati patitis
Wus katon neng lokil makpul
Angumpul ing madya ari
Amerngi Sri Budha Pon

Tanggal kaping lima antarane luhur
Selaning tahun Jimakhir
Toluhu marjayeng janggur
Sengara winduning pati
Netepi ngumpul sak enggon

Cinitra ri budha kaping wolulikur
Sawal ing tahun Jimakir
Candraning warsa pinetung
Sembah mukswa pujangga ji
Ki Pujangga pamit layon