21.4.11

SABDA TAMA

Rasaning tyas kayungyun
Angayomi lukitaning kalbu
Gambir  wanakalawan hening ing ati
Kabekta kudu pitutur
Sumingkiring reh tyas mirong

Den samya amituhu
Ing sajroning Jaman Kala Bendu
Yogya samyannyenyuda hardaning ati
Kang anuntun mring pakewuh
Uwohing panggawe awon

Ngajaba tyas rahayu
Ngayomana sasameng tumuwuh
Wahanane ngendhakke angkara klindhih
Ngendhangken pakarti dudu
Dinulu luwar tibeng doh

Beda kang ngaji pumpung
Nir waspada rubedane tutut
Kakinthilan manggon anggung atut wuri
Tyas riwut ruwet dahuru
Korup sinerung agoroh

Ilang budayanipun
Tanpa bayu weyane ngalumpuk
Sakciptane wardaya ambebayani
Ubayane nora payu
Kari ketaman pakewuh

Rong asta wus katekuk
Kari ura ura kang pakantuk
Dandhanggula lagu palaran sayekti
Ngleluri para leluhur
Abot ing sih swami karo

Galak gangsuling tembung
Ki Pujangga panggupitanipun
Rangu rangu pamanguning reh harjanti
Tinanggap prana tumambuh
Katenta nawung prihatos

Wartine para jumhur
Pamawasing warsita datan wus
Wahanane apan owah angowahi
Yeku sansaya pakewuh
Ewuh aya kang linakon

Sidining Kala Bendu
Saya ndadra hardaning tyas limut
Nora kena sinirep limpating budi
Lamun durung mangsanipun
Malah sumuke angradon

Ing antara sapangu
Pangungaking kahanan wus mirud
Morat marit panguripaning sesami
Sirna katentremanipun
Wong udrasa sak nggon enggon

Kemat isarat lebur
Bubar tanpa daya kabarubuh
Paribasan tindhem tandhaning dumadi
Begjane ula dahulu
Cangkem silite anyaplok

Ndhungkari gunung gunung
Kang geneng geneng padha jinugrug
Parandene tan ana kang nanggulangi
Wedi kalamun sinembur
Upase lir wedang umob

Kalonganing kaluwung
Prabanira kuning abang biru
Sumurupa iku mung soroting warih
Wewarahe para Rasul
Dudu jatining Hyang Manon

Supaya pada emut
Amawasa benjang jroning tahun
Windu kuning kono ana wewe putih
Gegamane tebu wulung
Arsa angrebaseng wedhon

Rasane wus karasuk
Kesuk lawan kala mangsanipun
Kawisesa kawasanira Hyang Widhi
Cahyaning wahyu tumelung
Tulus tan kena tinegor

Karkating tyas katuju
Jibar jibur adus banyu wayu
Yuwanane turun temurun tan enting
Liyan praja sanya sayuk
Keringan saenggon enggon

Tatune kabeh tuntum
Lelarane waluya sadarum
Tyas prihatin ginantun suka mrepeki
Wong ngantuk anemu kethuk
Isine dinar sabokor

Amung padha tinumpuk
Nora ana rusuh colong jupuk
Raja kaya cicancangan aneng nyawi
Parandene tan cinolong

Diraning durta katut
Anglakoni ing panggawe hayuning budi
Budyarja marjayeng limut
Amawas pangesthi awon

Nanggal pakarti dudu
Pradapaning parentah ginugu
Mring pakaryan saregep tetep nastiti
Ngisor ndhuwur tyase jumbuh
Tan ana wahin winahon

Ngratani sapraja agung
Keh sarjana  sujana ing kewuh
Nora kewran mring caraka agal alit
Pulih duk jaman runuhun
Tyase teteg teguh tanggon