12.4.11

SERAT WEDHATAMA

A. Mingkar Mingkuring Angkara

Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji

Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsa pasamuan gonyak ganyuk nglilingsemi

Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis

Si pengung nora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok alangka longkanganipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si pengging

Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip

Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane su mudha
Prandene paksa kumaki

Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lha iya ingkang rama
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama
Nggon anggon agama suci

Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Semengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawitan
Nora enak iku kaki

Kekerane ngelmu karang
Kekarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumusuk ing jagad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengkok pancabaya
Ubayane mbalenjani

Marma ingkang sabisa-bisa
Bebasane muriha tyas basuki
Puruitaa kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri

Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi mring tapaking tepa tulus
Kawawa  nahen hawa
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki

Sapantuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangkulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yen mengkono kena sinebut wong sepuh
Lire sepuh sepi hawa
Awas roronong atunggil

Tan samar pamorong sukma
Sinuksmaya Winahya ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layaping aluyup
Pindha pesating sumpena
Sumusuping rasa jati

Sejatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahing Hyang Widhi
Bali alaming ngasuwung
Tan karem karameyan
Ingkang sipat wisesa winisesa wus
Mulih mula mulanira
Mulane wong anom sami

B. Nulada Laku Utama

Nulada laku utama
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasana

Samangsane pasamuwan
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala kalaning asepi
Lelana teka-teki
Nggayuh geyonganing kayun
Kayungyun enining tyas
Sanityasa pinrihatin
Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra

Saben mendra saking wisma
Lelana laladin sepi
Ngingsep sepuhing supana
Mrih pana pranaweng kapti
Tis tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jala nindhi
Sruning brata kataman wahyu dyatmika

Wikan mengkoning samodra
Kederan wus den ideri
Kinemat kamot hing driya
Rinegan segegem dadi
Dumaya angratoni
Nenggih kangjeng Ratu Kidul
Ndedel nggayuh nggegana
Umara marak maripih
Sor prabawa lan wong agung
Ngeksiganda

Dahat denira aminta
Sinupeket pangkat kanthi
Jroning alam palimunan
Ing pasaban saben sepi
Sumanggem anyanggemi
Ing karsa kang wus tinamtu
Pamrihe mung aminta
Supangate teka-teki
Nora ketang teken janggut suku jaja

Prajanjine abipraya
Saturun turuning wuri
Mengkono trahing ngawirya
Yen amasah mesu budi
Dumadya glis dumugi
Iya ing sakarsanipun
Wong agung Ngeksiganda
Trah tumerah dharahe padha wibawa

Ambawani Tanah Jawa
Kang padha jumeneng aji
Satriya dibya sumbaga
Tan lyan trahing Senapati
Pan iku pantes ugi
Tinelad labetanipun
Ing sakuwasanira
Enake lan jaman mangkin
Sayektine tan bisa ngepleki kuna

Lowung kalamun tinimbang
Ngaurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang den karemi
Manulad nelad Nabi
Nayakengrat Gusti Rasul
Anggung ginawa umbag
Saben seba mampir masjid
Ngajab ajab mukjijad tibaning drajad

Anggung anggubel sarengat
Saringane tan den wruhi
Dalil dalaling ijemak
Kiyase nora mikani
Ketungkul mungkul sami
Bengkrakan mring mesjid agung
Kalamun maca kutbah
Lelagone Dandanggendis
Swara arum ngumandhang cengkok palaran

Lamun sira paksa nulad
Tuladhaning Kangjeng Nabi
O ngger kadohan panjangkah
Wateke tan betah kaki
Rehne ta sira Jawi
Sathithik bae wus cukup
Aywa guru aleman
Nelad kas ngepleki pekih
Lamun pengkuh pangankah yekti karahmat

Nanging enak ngupa boga
Rehne ta tinitah langip
Apata suwiteng Nata
Tani tanapi agrami
Mangkono mungguh mami
Padune wong dahat cubluk
Durung wruh cara Arab
Jawaku bae tan ngenting
Parandene paripaksa mulang putra

Saking duk maksih taruna
Sadhela wus anglakoni
Aberag marang agama
Maguru anggering kaji
Sawadine tyas mami
Banget wedine ing mbesuk
Pranatan ngakir jaman
Tan tutug kaselak ngabdi
Nora kober sembahyang gya tinimbalan

Marang ingkang asung pangan
Yen kasuwen den dukani
Abubrah bawur tyas ingwang
Lir kiyamat saben ari
Bot Allah apa Gusti
Tambuh tambuh solahingsun
Lawas lawas nggraita
Rehne ta suat priyayi
Yen mamridha dadi kaum temah nistha

Tuwin ketip suragama
Pan ingsun nora winaris
Angur baya ngantepana
Pranatan wajibing urip
Lampahan angluluri
Kuna kumunanira
Kongsi tumekeng samangkin
Kikisane tan lyan amung ngupa boga

Bonggan kan tan merlokena
Mungguh ugering ngaurip
Uripe lan tri prakara
Wirya arta tri winasis
Kalamun kongsi sepi
Saka wilangan tetelu
Telas tilasing jati aking
Temah papa papariman ngulandara

Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wasana wosing jiwangga
Melok tanpa aling aling
Kang ngalingi kalingking
Weganing rasa tumlawung
Keksi saliring jaman
Angelangut tanpa tepi
Yeku aran tapaking Hyang Sukma

Mangkono janma utama
Tuman tumanem ing sepi
Ing saben rikala mangsa
Masah amemasuh budi
Laire anetepi
Ing reh kasatriyanipun
Susila anor raga
Wignya met tyasing sesami
Yeku aran wong barek berag agama

Iang jaman mengko pan ora
Arahe para taruni
Yen antuk tuduh kang nyata
Nora pisan den lakoni
Banjur njujurkenkapti
Kakekne arsa winuruk
Ngendelken gurunira
Pandhitane praja sidik
Tus wus manggon pamucunge mring makripat
C.Ngelmu Kalakone Kanthi Laku

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Angkara gung
Neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Saewa sareh saking Mardi martatama

Taman limut
Durgameng tyas kang weh limput
Kerem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi gengira

Yeku patut tinulad tulad tinurut
Sapituduhira, aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna

Durung pecus kesusu kaselak besus
Amaknai rapal, kaya sayid weton Mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning janma

Kang kadyeku, kalebu wong ngaku aku
Akale alangka
Elok Jawane denmohi
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah

Nora weruh, rosing rasa kang rinuwuh
Lumeketing angga
Anggere padha marsudi
Kana kene kaanane nora beda

Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahya sekar srinata

Basa ngelmu
Mupakate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah Jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara

Lila lamun kelangan nora gegetun
Trima yen ketaman
Sakserik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah bathara

Bathara gung, inguger graning jajantung
Jenek Hyang wisesa
Sana pasenedan suci
nora kaya si mudha mudhar angkara

Nora uwus
Karemen anguwus uwus
Uwose tan ana
Mung janjine muring muring
Kaya buta buteng betah nganiaya

Sakeh luput, ing angga tansah linimput
linimpeting sabda
Narka  tan ana udani
Lumun ala ardane ginawang gada

Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa

D. Sembah Catur

Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhidhin raga, cipta, jiwa rasa, kaki
ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahing Manon

Sembah raga punika
Pakartine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang wektu
Wantu wataking weweton

Inguni uni durung
Sinarawung wulang kang sinarung
Lagi iki bangsa kas ngetokkan anggit
Mintokken kawignyanipun
Sarengate elok elok

Thithik kaya santri Dul
Gajeg kaya santri barai kidul
Saurute Pacican pinggir pasisir
Ewon wong kang padha nggugu
Anggere padha nyalemong

Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yen karuh
Ngarep arep urub arsa den kurebi
Tan wruh kang mangkono iku
Akale kaliru enggon

Yen ta janma rumuhun
Tata titi tumrah tumaruntun
Bangsa srengat tan winor lan laku batin
Dadi nora gawe bingung
Kang padha nembah Hyang Manon

Lir sarengat iku
Kena uga inganaran laku
Dhingin ajeg kapindhone ataberi
Pakolehe putraningsung
Nyenyeger badan mrih kaot

Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sumsum
Tumrah ing rah memarah antenging ati
Antenging ati nunungku
Angruwat ruweding batos

Mangkono mungguh ingsun
Ananing ta sarehe asnafun
Beda beda panduk panduming dumadi
Sayekti nora jumbuh
Tekad kang padha linakon

Nanging ta paksa tutur
Rehne tuwa tuwa se mung catur
Bok lumuntur lantaraning reh utami
Sing sapa temen tinemu
Nugraha geming kaprabon

Samengko sembah kalbu
Yen lumintu uga dadi laku
Laku agung kang kagungan Narapati
Patitis tetesing kawruh
Meruhi marang kan momong

Sucine tanpa banyu
Mung nyunyuda mring hardaning kalbu
Pambukane tata titi ngati ati
Atetep telate atul
Tuladha marang waspaos

Mring jatining pandulu
Panduk ing ndon dedalan satuhu
Lamun lugu legutaning reh maligi
Lageane tumalawung
Wenganing alam kinaot

Yen wus kambah kadyeku
Sarat sareh saniskareng laku
Kalakone saka eneng ening eling
Ilanging rasa tumlawung
Kono adiling Hyang Manon

Gagare nggugar kayun
Tan kayungyun mring ayuning kayun
Bangsa anggit yen ginigit nora dadi
Marma den awas den emut
Mring pamurunging lelakon

Samengko kang tinutur
Sembah katri kang sayekti katur
Mring Hyang Sukma sukmanen saari ari
Arahen dipun kacakup
Sembaling jiwa sutengong

Sayekti luwih perlu
Inganaran pepuntoning laku
Kalakuwan tumrap kang bangsaning batin
Sucine lan awas emut
Mring alaming lama maot

ruktine ngangkah ngukut
Ngiket ngruket triloka kakukut Jagad agung ginulung lan jagad alit
Den kandel kumadel kulup
Mring kelaping alam kono

Keleme mawi limut
Kalamatan jroning alam kanyut
Sanyatane iku kanyatan kaki
Sejatine yen tan emut
Sayekti tan bisa awor

Pamete saka luyut
Sarwa sareh saliring pangayut
Lamun yitna kayitnan kang miyatani
Tarlen mung pribadinipun
Kang katon tinonton kono

Nging Aywa salah surup
Kono ana sajatining urub
Yeku urub pangarep uriping budi
Sumirat sirat narawung
Kadya kartika katonton

Yeku wenganing kalbu
Kabukane kang wengku winengku
Wewengkone wis kawengku neng sireki
Nging sira uga kawengku
Mring kang pindha kartika byor

Samengko ingsun tutur
Gantya sembah ingkang kaping catur
Sembah rasa karasa wosing dumadi
Dadine wis tanpa tuduh
mung kalawan kasing batos

Kalamun durung lugu
Aja pisan wani ngaku aku
Antuk siku kang mengkono iku kaki
Kena uga wenang muluk
Kalamun wus padha melok

Meloke ujar iku
Yen wus ilang sumelanging kalbu
Amung kandel kumandel marang ing takdir
Iku den awa den emut
Den memet yen arsa momot

Pamoting ujar iku
Kudu santosa ing budi teguh
Sarta sabar tawakel legaweng ati
Trima lila ambeg sadu
Weruh wekasing dumados

Sabarang tindak tanduk
Tumindake lan sakadaripun
Den ngaksama kasisipaning sesami
Sumimpangan ing laku dur
Hardaning budi kang ngrodon

Dadya wruhiya dudu
Yeku minangka pandaming kalbu
ingkang buka ing kijab bullah agaib
Sesengkeran kang sinerung
Dumunung telenging batos

Rasaning urip iku
Krana momor pamoring sawujud
Wujuddollah sumrambah ngalam sakalir
Lir manis kalawan madu
Endi arane ing kono

Endi manis endi madu
Yen wis bisa nuksmeng pasang semu
Pasamoning hebing kang Maha Suci
Kasikep ing tyas kacakup
Kasat mata lair batos

Ing batin tan kaliru
Kedhap kilap liniling ing kalbu
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budi sadu
Pandak panduking liru nggon

Nggonira mrih tulus
Kalaksitaning reh kang rinuruh
Nggyanira mrih wiwal warananing gaib
Paranta lamun tan weruh
Sasmita jatining endhog

Putih lan kuningpun
Lamun arsa titah teka mangsul
Dene nora mantra mantra yen ing lair
bisa aliru wujud
Kadadeyane ing kono

Istinganah tan metu
Lawan istingarah tan lumebu
Dene ing jro wekasane dadi njawi
Raksana kang tuwajuh
Aja kongsi kabasturon

Karana yen kebanjur
Kajantaka tumekeng saumur
Tanpa tuwasyen tiwasa ing dumadi
Dadi wong ina tan weruh
Dheweke den anggep dhayoh

E.Eling Lukitaning Dumadi

Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahadaning driya
Supaya dadya utami

Pangasahe sepi samun
Aywa esah ing salami
Samangsa wis kawistara
Lalandhepe mingis mingis
Pasah wukir reksamuka
Kekes srabedaning budi

Dene awas tegesipun
Weruh warananing urip
Miwah wisesaning tunggal
Kang atunggil rina wengi
Kang mukitan ing sarkasa
Gumelar ngalam sakalir

Aywa sembrana ing kalbu
Wawasen wuwus sireki
ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sembadeg sedya
Wewesen praptaning uwis

Sirnakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saka sathithik
Pamothating nafsu hawa
Linalantih mamrih titih

Aywa mematuh nalutuh
Tanpa tuwas tanpa kasil
Kasalibuk ing srabeda
Marma dipun ngati ati
Urip keh rencananira
Sambekala den kaliling

Umpamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi

Lumrah bae yen kadyeku
Atetamba yen wus bucik
Duweya kawruh sabodhag
Yen tan nartani ing kapti
Dadi kawruhe kinarya
Ngupaya kasil lan melik

Meloke yen arsa muluk
Muluk ujare lir wali
Wola wali nora nyata
Anggepe pandhita luwih
Kaluwihane  tan ana
Kabeh tandha tandha sepi

Kawruhe mung ana wuwus
Wuwuse gumaib gaib
Kasliring thithik tan kena
Mancereng alise gathik
Apa pandhita antiga
Kang mangkono iku kaki

Mangka ta kang aran laku
Lakune ngelmu sajati
Tan panasten nora jail
Tan njurungi ing kahardan
Amung eneng mamrih ening

Kaunanging budi luhung
Bangkit ajur ajer kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijining utami
Nadyan bener kawruhira
Yen ana kang ngulayani

Tur kang ngulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging laire angalah
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Aywa esak Aywa serik

Yeku ilapating wahyu
Yen yuwana ing salami
Marga wimbuh ing nugraha
Saking heb Kang Maha Suci
Cinancang pucuking cipta
Nora ucul ucul kaki

Mangkono ingkang tinamtu
Tampa nugrahing Widhi
Marma ta kulup den bisa
Mbusuki ujaring janmi
Pakoleh lair batinnya
Iyeku budi premati

Pantes tinulad tinurut
Laladane mrih utami
Utama kembanging mulya
Kamulyaning jiwa dhiri
Ora ta yen ngeplekana
Lir leluhur nguni uni

Ananging ta kudu kudu
Sakadarina pribadi
Aywa tinggal tutuladan
Lamun tan mangkono kaki
Yekti tuna ing tumitah
Poma kaestokna kaki