14.4.11

RAMALAN JAYABAYA

Kitab Musarar inganggit
Duk Sang Prabu Jayabaya
Ing Kediri kedhaton
Ratu agagah prakosa
Tan ana kang malanga
Parang muka samya teluk
Pan sami ajrih sedaya

Milane sinungan sakti
Bathara Wisnu punika
Anitis ana ing kene
Ing Sang Prabu Jayabaya
Nalikane mangkana
Pan jumeneng Ratu Agung
Abala para Narendra

Wusnya mangkana winarni
Lami lami apeputra
Jalu apekik sampun diwasa
Ingadekaken raja
Pegedongan tanahipun
Langkung arja kang nagara

Maksihe bapa anenggih
Langkung suka ingkang rama
Sang Prabu Jayabayane
Duk samana cinarita
Pan arsa katamiyan
Raja Pandhita saking Rum
Nama Sultan Maolana

Ngali Samsujen kang nami
Sapraptane sinambrama
Kalawan pangabektine
Kalangkung sinuba suba
Rehning tamiyan raja
Lan seje jinis puniku
Wenang lamun ngurmatana

Wus lenggah atata sami
Nuli wau angandika
Jeng Sultan Ngali Samsujen
"heh Sang Prabu Jayabaya"
Tatkalane ta iya
Apitutur ing sireku
Kandhane Kitab Musarar

Prakara tingkahe nenggih
Kari ping telu lan para
Nuli cupetkeprabone
Dene ta nuli sinelan
Liyane teka para
Sang Prabu lajeng andeku
Wus wikan titah Bathara

Lajeng angguru sayekti
Sang a Prabu Jayabaya
Mring Sang raja pandhitane
Rasane Kitab Musarar
Lan enget wewangenipun
Yen kantun nitis ping tiga

Benjing pinernahken nenggih
Sang a Prabu Jayabaya
Aneng sajroning tekene
Ing guru sang a Pandhita
Tililar ing Kakbah
Imam Supingi kang nggadhuh
Kinarya nginggahken kutbah

Ecis wesi Udharati
Ing tembe ana Molana
Pan cucu Rasul jatine
Alunga mring Tanah Jawa
Nggawa ecis punika
Kinarya dhuwung puniku
Dadi pundhen bekel Jawa

Raja Pandhita apamit
Musna saking palengahan
Tan antara ing lamine
Pan wus jangkep ing sewulan
Kondure Sang Pandhita
Kocapa wau Sang Prabu
Animbali ingkang putra

Tan adangu nulya prapti
Apan ta lajeng binekta
Mring kang rama ing lampahe
Minggah dhateng ardi Padhang
Kang putra lan keng rama
Sakpraptanira ing gunung
Minggah samdyaning arga

Wonten ta ajar satunggil
Anama Ajar Subrata
Pan arsa methuk lampahe
Maring Sang Prabu Jayabaya
Ratu kang namur lampah
Tur titis Bathara Wisnu
Njalma Prabu Jayabaya

Dadya Sang Jayabaya ji
Waspada reh samar samar
Kinawruhan sadurunge
Lakune jagad karana
Tindake raja raja
Saturute laku putus
Kalawan gaib sasmita

Yen Islama kadi Nabi
Ri Sang aji Jayabaya
Cangkrameng ardi wus suwe
Apanggih lawan ki Ajar
Ajar ing gunung Padhang
Awindon tapane guntur
Dadi barang kang cinipta

Gupuh methuk ngacarani
Wus tata denya alenggah
Ajar angundang endhange
Siji nyunggi kang rampadan
Isine warna warna
Sapta warna kang sesuguh
Kawolu lawan ni endang

Juwadah kehe satakir
Lan bawang putih satalam
Kembang melathi saconthong
Kalawan getih sapitrah
Lawan kunir sarimpang
Lawan kajar sawit iku
Kang saconthong kembang mojar

Kawolu endang sawiji
Ki Ajar pan atur sembah
"Punika sugataningong
Katura dhateng paduka"
Sang Prabu Jayabaya
Awas denira andulu
Sedhet anarik curiga

Ginoco ki Ajar mati
Endange tinuweg pejah
Dhuwung sinarungken age
Cantrike sami lumajar
Ajrih dateng sang nata
Sang Rajaputra gegetun
Mulat solahe kang rama

Arsa matur putra ajrih
Lajeng kondur sekaliyan
Sapraptanira kedhaton
Pinarak lan ingkang putra
Sumiwi munggweng ngarsa
Angandika Sang a Prabu
Jayabaya mring kang putra

"heh putraingsun ta kaki"
Sira wruh solahing Ajar
Adosa mring guruningwang
Jeng Sultan Maolana
Ngali Samsujen ta iku
Duk maksih sami nom noman

Pan iku uwis winejang
Mring guru Pandhita Ngali
Rasane kitab Musarar
Iya padha lawan mami
Nanging anggelak janji
Cupet lelakoning ratu
Iya ing tanah Jawa
Ingsun pan wus den wangeni
Kari loro kaping telune ta ingwang

Yen wis anitis ping tiga
Nuli ana jaman maning
Liyane panggaweningwang
Apan uwus den wangeni
Mring pandhita ing nguni
Tan kena gingsir ing besuk
Apan talinambangan
Dene Maolana Ngali
Jaman catur semune segara asat

Mapan iku ing Jenggala
Lawan iya ing Kediri
Ing Singasari Ngurawan
Patang ratu iku maksih
Bubuhan ingsun kaki
Mapan ta durung kaliru
Negarane raharja
Rahayu kang bumi bumi
Pan wus wenang anggempur kang dora cara

Ing nalika satus warsa
Rusake negara kaki
Kang ratung patang negara
Nuli salin alam malih
Ingsun nora nduweni
Nora kena milu milu
Pan ingsun wus pinisah
Lan sedulur bapa kaki
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang

Ana sajroning kekarah
Ing tekene guru mami
Kang nama raja Pandhita
Sultan Maolana Ngali
Samsujen iku kaki
Kawruhana ta ing mbesuk
Saturun turunira
Nuli ana jaman maning
Anderpati arane Kalawisesa

Apan sira linambangan
Sumilir kang naga kentir
Semune liman pepeka
Pejajaran kang negari
Ilang tingkahing becik
Nagara kramane suwung
Miwah yudanegara
Nora ana anglabeti
Tanpa adil  satus taun nuli sirna

Awit perang padha kadang
Dene pametune bumi
Wong cilik pajeke emas
Sawab ingsun den suguhi
Marang si Ajar dhingin
Kunir sarimpang ta ingsun
Nuli asalin jaman
Majapahit kang nagari
Iya iku Sang a Prabu Jayabaya

Jejuluki Sri Narendra
Peparab Sang Rajapati
Dewanata alam ira
Ingaran Anderpati
Samana apan nenggih
Lamine sedasa windu
Pametuning nagara
Wedale arupa picis
Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar

Juwadah satakir iya
Sima galak semu nenggih
Curiga kethul kang lambang
Sirna salin jaman maning
Tanah Gelagahwangi
Pan ing Demak kithanipun
Kono ana agama
Tetep ingkang amurwani
ajejuluk Diyati Kalawisaya

Swidak gangsal taun sirna
Pan jumeneng Ratu adil
Para wali lan pandhita
Sadaya pan samya asih
Pametune wong cilik
Ingkang katur marang Ratu
Rupa picis lan uwang
Sawab ingsun den suguhi
Kembang mlathi mring ki Ajar gunung padhang

Kaselak kampuhe bedhah
Kekesahan durung kongsi
Iku ana jaman dyan sirna
Nuli ana jaman maning
Kalajangga kang nami
Tanah Pajang kuthanipun
Kukume telad Demak
Tan tumurun marang siwi
Tigangdasa enem taun nuli sirna

Semune lambang Cangkrama
Putung ingkang watang nenggih
Wong ndesa pajege sandhang
Picis ngsun den suguhi
Iya kajar sauwit
Marang si Ajar karuhun
Nuli asalin jaman
Ing Mataram kang nagari
Kalasakti Prabu Anyakrakusumo

Kinalulutan ing bala
Kuwat prang ratune sugih
Keringan ing nungsa Jawa
Tur iku dadi gegenti
Ajar lan para wali
Ngulama lan para nujum
Miwah para pandhita
Kagelung dadi sawiji
Ratu dibya ambeg adil paramarta

Sudibya aparu krama
Alus sabaringing budi
Wong cilik wadale reyal
Sawab ingsun den suguhi
Arupa bawang putih
Mring ki Ajar iku mau
Jejuluke negara
Ratune ingkang miwiti
Surakalpa semune lintang sinipat

Nuli kembang sempol tanpa
Modin sreban lambang nenggih
Panjenengan kaping papat
Ratune ingkang mekasi
Apan dipun lambangi
Kalpa sru kanaka putung
Satus taun pan sirna
Wit mungsuh  sekuthu sami
Nuli ana nakoda dhateng merdagang

Iya aneng tanah Jawa
Angempek tanah sethithik
Lawas lawas tumut aprang
Unggul sasolahe nenggih
Kedhep neng tanah Jawi
wus ngalih jamanireku
Maksih turun Mataram
Jejuluke kang negari
Nyakrawati kedhatone tanah Pajang

Ratu abala bacingah
Keringan ing nuswa Jawi
Kang miwiti dadi raja
Jejuluke Layon Keli
Semu satriya brangti
Iya nuli salin ratu
Jejuluke sang nata
Semune kenya musoni
Nora lawas nuli salin panjenengan

Dene jejuluke nata
Lung gadung rara nglingkasi
Nuli salin gajah meta
Semune tengu lelaki
Sewidak warsa nuli
Ana dhawuhing bebendu
Kelem negaranira
Kuwur tataning negari
Duk semana pametune wong ing ndesa

Dhuwit anggris lawan uwang
Sawab ingsun den suguhi
Rupa getih mung sapitrah
Nuli retu kang nagari
Ilang barkating bumi
Tatane Parentah rusuh
Wong cilik kesrakatan
Tumpa tumpa kang bilahi
Wus pinesthi nagri tan kena tinambak

Bojode ingkang negara
Narendra pisah lan abdi
Prabupati sowang sowang
Samana ngalih nagari
Jaman Kutila genti
Kara murka ratunipun
Semana linambangan
Dene Maolana Ngali
Panji loro semune Pajang Mataram

Nakoda melu wasesa
Kaduk bandha sugih wani
Sarjana sirep sadaya
Wong cilik kawelas asih
Mah omah bosah basih
Katarajang maraga agung
Panji loro dyan sirna
Nuli Rara ngangsu sami
Randha loro nutupi pijer tetukar

Tan kober paes sarira
Sinjang kemben tan tinolih
Lajengipun sinung lambang
Dene Maolana Ngali
Samsujen Sang a Yogi
Tekane Sang Kala Bendhu
Ing Semarang Tembayat
Sasmitane lambang kan kocap punika

Dene pajege wong ndesa
Akeh warnanira sami
Lawan pajeg mundak mundak
Yen panen datan maregi
Wuwuh suda ing bumi
Wong dursila saya ndarung
Akeh dadi durjana
Wong gedhe atine jail
Mundhak tahun mundhak bilaining praja

Kukum lan yuda nagara
Pan nora na kang nglabeti
Salin salin kang parentah
Aretu patraping adil
Kang bener bener kontit
Kang bandhol bandhol pan tulus
Kang lurus lurus rampas
Setan mindha wahyu sami
Akeh lali mring Gusti miwah wong tuwa

Ilang kawiranganingdyah
Sawab ingsun den suguhi
Mring ki Ajar gunung Padang
Arupa endang sawiji
Samana den etangi
Jaman sewu pitung atus
Pitung puluh pan iya
Wiwit prang tan na ngaberi
Nuli ana lambang negara rengka

Akeh ingkang gara gara
Udan salah mangsa prapti
Akeh lindhu lan grahana
Dalajate salin salin
Pepati tanpa aji
Anutug ing jaman sewu
Wolung atus ta iya
Tanah Jawa pothar pathir
Ratu Kara Murka Kuthila pan sirna

Dene besuk nuli ana
Tekane kang Tunjung putih
Semune Pudhak kasungsang
Bumi Mekah dennya lair
Iku kang angratoni
Jagad kabeh ingkang mengku
Juluk Ratu Amisan
Sirep musibating bumi
Wong nakoda milu manjing ing samuwan

Prabu tusing waliyulah
Kadhatone pan kekalih
Ing Mekah ingkang satunggal
Tanah Jawi kang sawiji
Prenahe iku kaki
Perak lan gunung Perahu
Sakulone tempuran
Balane samya jrih asih
Iya iku ratu rinengggeng sajagad

Kono ana pangapura
Ajeg kukum lawan adil
Wong cilik pajege dinar
Sawab ingsun den suguhi
Iya kembang saruni
Mring ki Ajar iku mau
Ing nalika semana
Mulya jenenging narpati
Tur abagus eseme lir madu puspa

Langkung arja jamane narpati
Nora nana pan ingkang nanggulang
Wong desa iku pajeg sewu
Pan sinuda dening Narpati
Mung metu satus dinar
Mangkana winuwus
Jamanira pan pinetang
Apan sewu wolungatus anenggih
Ratune nuli sirna

Ilang tekan kadhatone sami
Nuli Rusak iya nungsa Jawa
Nora karuwan tatane
Pra nayaka sadarum
Miwah manca negara sami
Pada sowang sowangan
Mangkana winuwus
Mangka Allahu Tangala
Anjenengken Sang Ratu Asmarakingkin
Bagus maksih taruna

Iku mulih jenenge Narpati
Wadya punggawa sujud sadaya
Tur padha rena prentahe
Kadhatone winuwus
Ing Kediri ingkang satunggil
Kang siji tanah Ngarab
Karta jamanipun
Duk semana pan pinetang
Apan sewu lwih sangan atus anenggih
Negaranira rengka

Wus ndilalah kersaning Hyang Widhi
Ratu Peranggi anulya prapta
Wadya tambuh wilangane
Prawirane kalangkung
Para ratu kalah ngajurit
Tan ana kang nanggulang
Tanah Jawa gempur
Wus jumeneng tanah Jawa
Ratu Prenggi ber budi kras anglangkungi
Tetep neng tanah Jawa

Enengena Sang Nateng Parenggi
Prabu ing Rum ingkang ginupita
Lagya siniwi wadyane
Kya patih munggweng ngayun
Angandika Sri Narapati
"heh patih ingsun myarsa"
Tanah Jawa iku
Ing mangke ratune sirna
Iya perang klawan Ratu Parenggi
Tan ana kang nanggulang

Iku patih mengkata tumuli
Anggawa ta sabalanira
Poma tundungen den age
Yen nora lunga iku
Nora ingsun lilani mulih
ki patih sigra budal
Saha balanipun
Ya ta prapta Tanah Jawa
Raja Prenggi tiundhung dening ki patih
Sirna sabalanira

Nuli rena manahe wong cilik
Nora ana kang budi sangsaya
Sarwa murah tetukone
Tulus ingkang tinandur
Jamanira den jujuluki
Gandrung gandrung neng marga
Andulu wong gelung
Kekendon lukar kawratan
Keris parung dolen tukokeno nuli
Campur bawur mring pasar

Sampun tutug kalih ewu warsi
Sunya ngegana tanpa tumingal
Ya meh tekan dalajate
Yen Kiamat puniku
Ja majuja tabatulihi
Anuli larang udan
Angin topan rawuh
Tumangkeb sabumi alam
Saking kidul wetan ingkang andatengi
Ambedol ponang arga